Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Pengajian
Posting ini saya buat guna membantu mereka yang membutuhkan contoh teks pranatacara atau pembawa acara untuk kegiatan pengajian umum sebagaimana yang sering dilaksanakan. Dalam teks ini, saya contohkan sebuah kegiatan pengajian yang di set sebagai berikut : Dilaksanakan secara akbar, dan dapat diterapkan baik dalam ruangan tertutup maupun ruangan terbuka;
- Jamaah yang hadir adalah umum, dari usia anak-anak, pemuda, dewasa, orang tua, tokoh masyarakat, alim ulama dan pejabat lokal;
- Ada pembacaan ayat suci Al-Qur'an;
- Ada ucapan selamat datang dari panitia;
- Ada sambutan dari pejabat lokal
- Penghadirkan penceramah
- Menggunakan hidangan berupa minum dan snack;
Dari gambaran
rancangan tersebut, maka dapat disusun rancangan acara sebagai
berikut :
1. Pembukaan
2. Pembacaan Ayat Suci Al-Qur'an
3. Ucapan selamat datang dari Panitia, diselingi hiburan dan minum/snack.
4. Sambutan
5. Inti Pengajian
6. Penutup
Untuk lebih jelasnya, dapat pembaca praktekkan teks berikut ini yang tentunya masih memungkinkan untuk ditambah dan atau dikurangi.
1. Pembukaan
2. Pembacaan Ayat Suci Al-Qur'an
3. Ucapan selamat datang dari Panitia, diselingi hiburan dan minum/snack.
4. Sambutan
5. Inti Pengajian
6. Penutup
Untuk lebih jelasnya, dapat pembaca praktekkan teks berikut ini yang tentunya masih memungkinkan untuk ditambah dan atau dikurangi.
================================================================================
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,
Innalhamdalillaah,
nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min
syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala
mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha
illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu
warasuuluhu. Amma ba’d.
Para
pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;
Para
pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam
pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;
Para
alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah
tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng
panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh
yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita
antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;
Para
bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan
muslimat rakhimakumullah.
Langkung
rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken
raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing
titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan
dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak
sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
Shalawat
saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para
sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah
pikantuk syafaatipun.
Para
Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga
langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji
nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………,
nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka
nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya
amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun,
keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara
Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun
rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :
- Adicara angka sepisan Pambuka
- Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ……….
- Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
- Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai …………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).
- Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)
- Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Hadhirin
wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten
menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan …………..
ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika
sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT.
Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan
dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan
menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan …………………..
(basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).
=====
Matur
nuwun.
Ndungkap
adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang
badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung
saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng
hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika
Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken
agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek ……………
wekdal kasumanggaaken.
=====
Paripurna
waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi
kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget
ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek
ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking
ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Ndungkap
adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek /
Bapak …… wekdal kasumanggaaken.
=====
Mekaten
menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun
tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan
saking panjenenganipun bapak/ibu………… (mungkin pejabat
tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia
untuk memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur
saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis
kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken
pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan,
mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi
merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.
Para
rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa
panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni
Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Ingkang
menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji
Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng
para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih.
Sumangga.
=====
Jamaah
pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene
kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.
Adicara
ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun
Bapak/Ibu…………… Dhumateng bapak/ibu………. wekdal
sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
=====
Kaaturaken
agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang
sampun kepareng paring pangandika.
Hadhirin
wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan
madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda.
Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah
ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang
menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan
saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika.
Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken.
Sumangga.
======
Ngaturaken
sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang
sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika.
Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha
tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.
Para
bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning
wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara
pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun
pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken
lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana
saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring
manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Muslimin
lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping
adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos
syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal
Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.
Wusana,
ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalaamu’alaikum
warahmatullaahi wabarakaatuhu.
=====
Tidak ada komentar:
Posting Komentar