Contoh Pambagyaharja Bahasa Jawa
(Pambagyaharja Ketua dalam
acara Rapat Pemuda)
Setelah
kita memahami tata urutan atau sistematikan sesorah, maka
selanjutnya kita tinggal merangkai kata-kata sesuai dengan tata
urutan tersebut. Cara perangkaian kalimat sebenarnya dapat dikatakan
bebas asal tetap tunduk pada aturan tata bahasa Jawa yang benar.
Berikut
ini saya contohkan bagaimana penerapan ucapan atau kalimat sesorah
untuk setiap urutan. Namun perlu dipahami bahwa apa yang ditulis
dalam kolom “Contoh Kalimat Sesorah” di bawah ini bukan harga
mati. Ini hanya merupakan contoh sederhana namun sudah memenuhi
standar. Jadi apabila pembaca ingin merubah istilah atau kalimat
dalam contoh ini sangat dipersilahkan.
Contoh
sesorah Pambagyaharja Ketua Pemuda dalam Rapat/Pertemuan Organisasi
Pemuda yang membahas akan adanya kegiatan / gerakan pengolahan
sampah.
Kerangka Sesorah
|
Contoh Kalimat Sesorah
|
1. Uluk salam /
menyampaikan salam
|
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,
|
2. Atur Pambuka / salam
pembuka
|
Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu,
wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati
a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may
yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah
wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu
warasuuluhu. Amma ba’d.
(bisa ditambah kalimat dengan tujuan untuk memperjelas maksud
do’a tersebut (=bukan terjemahan dari do’a itu) misalnya :)
Mugi sih wilasa saha barakah dalem Gusti Allah SWT tansah
karentahna dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula ing wekdal
punika dumugi sak lami-laminipun.
|
3. Nyebat Tamu / menyebut
tamu yang hadir
Diumpamakan
tamu yang hadir meliputi, sesepuh masyarakat, pejabat lokal,
tokoh masyarakat dengan berbagai profesi dan jabatan, orang tua
laki-laki dan perempuan, serta pemuda.
|
Para
pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten;
Para
pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka
pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;
Para
bapak sumrambah saha para ibu tokoh masyarakat ingkang minulya;
Boten
kesupen dhumateng kadang wredha tuwin mudha, nun inggih pengurus
saha anggota (nama organisasi), ingkang tansah
kaantu-antu kiprah saha bektosipun kinarya labet negari minangka
jejering taruna.
|
4. Atur puji syukur sarta
amit-amit / memanjatkan syukur dan mohon ijin
|
Langkung
rumiyin sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur dhateng
ngarsanipun Allah SWT dzat ingkang akarya jagad, ingkang dumugi
ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan
dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun
sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda
lillaah.
Shalawat
saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi
agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun
saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir
mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.
Para Bapak, para ibu saha para rawuh ingkang minulya. Keparenga
kula nyadhong deduka, nyuwun lumunturing sih samodra pangksami
dene kula cumanthaka nggempil kamardikan nyigeg pangandikan
panjenengan sedaya, inggih sadremi minangkani menapa ingkang
dados panuwun saking kadang pranata adicara ing wekdal punika.
Salajengipun keparenga kula nyuwun idi palilah panjenengan
sedaya, kinarya matur minangka wot lumarabing atur saking para
kadang kula pengurus sumrambah sedaya anggota …….. (nama
organisasi)
|
5. Wigatining atur / inti
pembicaraan
|
Atur ingkang angka sepisan.
Senajan kepara kasep, keparenga awit naminging pengurus ngambali
atur sugeng rawuh dhumateng para bapak, para ibu saha para
sedherak sedaya, saha ngaturaken agunging panuwun dhumateng
panjenengan sedaya ingkang sampun kepareng rawuh minangkani atur
panyuwun saking pengurus lumantar serat undangan.
Sak lajengipun awit namining pengurus nyuwun pangapunten mbok
bilih anggenipun ananggapi saha angacarani rawuh panjenengan
sedaya kirang mranani ing penggalih.
Boten kesupen awit namining pengurus ngaturaken panuwun ingkang
tanpa pepindhan dhumateng kulawarga Bapa/Ibu …..(tuan rumah),
ingkang sampun kepareng maringaken papan saha anyamektaaken
samukawis, ingkang sedaya menika saget ndadosaken lancaripun
pepanggihan ing wekdal punika.
Atur ingkang angka kalih,
Menggah wigatosing pepanggihan ing wekdal punika, inggih kados
ingkang sampun kaserat wonten ing serat undangan ingkang sampun
kaaturaken. Bilih kula sak rencang ing wekdal kepengker sampun
sarembag gadhah pepenginan wontenipun satunggaling pakaryan,
inggih menika badhe mujudaken pirantos pengolah sampah, saha
pakaryan ingkang arupi pemanfaatan sampah ingkang
kaangkah badhe karacik dados barang kerajinan. Wondene
ngegingi beya kangge mujudaken pepenginan menika saha
lumampahipun pakaryan ing samangke, kula sarencang sampun
sarembag badhe nyuwun bantuan pehak sanes ingkang ing titiwanci
menika ugi sampun kepareng rawuh lan sampun lenggah ing
madyaning pepanggihan menika. Mila saking menika, ing wekdal
musyawarah menika mangke, kasuwun dhumateng para bapak, para ibu
tokoh masyarakat kepareng paring pamanggih, iguh pratikel lan
pangandikan sanesipun ngengingi angen-angen kula sak rencang.
Sak dereng lan sak sampunipun dipun aturaken agunging panuwun.
|
6. Pengejeng-ajeng lan pangajak
/ permohonan dan harapan
|
Para rawuh ingkang tansah kula hormati.
Sak lajengipun keparenga ugi awit namining pengurus saha
anggota, kula tansah nyuwun bimbingan dhumateng para sesepuh lan
tokoh masyarakat langkung-langkung para bapak tuwin ibu minangka
suhing warga ing kukuban mriki. Kula sak rencang tansah
ngantu-antu paringipun panyaruwe saking panjenengan sedaya, jer
sedaya menika kangge kemajengan kula sak rencang. Ing pangajab,
kanthi wontenipun bimbingan, pitedah saha panyaruwe menika saget
minangka sangu kengge majengipun organisasi ingkang tundhonipun
saget manfaat dhumateng masyarakat.
|
7. Atur panutup / kata
penutup
|
Para bapak, para ibu saha para sedherek ingkang kinurmatan.
Mekaten menggah atur kula minangka wot lumarabing atur saking
sedaya pengurus. Kula klenggana bilih sak dangunipun kula matur,
kathah atur saha tindak-tanduk kula ingkang kirang nuju prana,
inggih sedaya awit kiranging seserepan kula ing babagan tata
basa tuwin tata krami. Ingkang menika mugi para rawuh paring
pangapunten.
Wusana, cekap semanten. Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wa
barakaatuh.
|
Demikian, semoga
bermanfaat....!!
LESTARIKAN BUDAYA JAWA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar